Cerkak - NGEDOL SING ORA DIDUWENI

Senin, Februari 26, 2024

NGEDOL SING ORA DIDUWENI

(déning: Adinda AS.)



ÉSUK-ÉSUK aku wis sumadya mangkat menyang kantor pusat perusahaan jroning 30 taun aku nyambut gawé ing kana lan telung taun iki aku wis nglakoni pènsiun. Ana urusan administrative. Kantor iku mapan ing kutha Sala adohé rong jam laku darat saka omahku. 

Bola-bali tak starter, nanging mesin mobilku rèwèl ora gelem urip. Kap mesin mobil tak bukak nyoba ndeleng mesin mobil ngadhat iki sing sejatiné aku ora paham thèthèk-mbengèk mesin mobil. Sakwisé tak uthak-uthik kana-kéné, tak coba nguripaké mesin manèh. Bisa urip sedhéla, nanging mandheg manéh sakwisé ana swara gemlothak banter nggawé kagètku. 

Aku kagèt banget. Kedadéyan ngéné iki pancèn wis suwé tak kuwatiraké. Kanggo ngawèkani awèté mobil pribadi biasané nem wulan sepisan dak lebokaké ing bèngkèl lengganan. Nanging pétungan ragad, telung tahun sakwisé pènsiun durung tau tak lebokaké bèngkèl. 

Wiwit aku pènsiun akèh bab-bab sing nggawé was sumelang jroning uripku. Endi ana mobil sing kudu diservice abot, endi ana kulawarga sing dumadakan lara kudu mlebu RS. Utawa ana prakara sing mbutuhaké dhuwit akèh. Dhuwit pènsiun saben wulané mung cukup kanggo ragad urip saben dinané kanthi prasaja. 

Begjané anakku loro-loroné wis rampung kuliahé. Nanging wektuné nikah, aku minangka wong tuwa rak kudu sumadya sakabèhé««. Lan isih akèh manèh kekuwatiran lan rasa sumelang sing ngreridu pikiranku ! Kanca-kanca pènsiunan sak nasib ana sing ngayem-ayemi kanthi nuding sabda tama: 3Coba delengen manuk gagak. Manuk-manuk kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep, lan iya padha ora duwé lumbung kanggo nandho pangan, éwasemono padha diparingi pangan déning Gusti Allah. Kowé rak luwih aji ketimbang karo manuk-manuk mau ! ́ Lha, ya iku. Aku iki sing mbiyèn duwé pangkat dhuwur, bayaré gedhé bareng wis tuwa pènsiun malah kebak was-sumelang lan kekuwatiran ? Genéya? Ya embuh«« 

Wusanané aku tetep budhal nunggang bis umum sing akèh liwat ing ngarep omahku. Tetéla nunggang bis umum ya kepénak angler uga, sing cetha ragadé adoh luwih murah yèn katandhingaké nggawa mobil pribadi dhéwé. Nunggang ing bis umum sing pancèné kudu suk-sukan kahanan sing arang tak lakon sadurungé. Nanging ya akèh sesawangan sing lagi saiki aku ngerti. Akèh pambarang (=pengamen) nggawa alat musik kanthi solah bawa dhéwé - dhéwé. 

Ana sing lagi nyanyi sabait rong bait langsung wis narik dhuwit. Ana sing pidato dawa sadurungé nyanyi ana sing mung terus nabuh gitaré karo sirahé manthuk-manthuk tanpa swara. Werna-werna patrapé, nanging pamrihé siji, yaiku kepéngin ngrebut kawigatèné wong-wong supaya gelem mènèhi dhuwit rècèhé. Ing nggon - nggon ajeg ana waé klompok pambarang munggah lan mudhun. Ing sawijining terminal cilik, seprapat jam sadurungé tekan kutha Sala, ana priya pambarang umur udakara 40 taun munggah bis. Nyandhang penganggoné rapi lan resik ora kaya pambarang umumé sing kummel lan nglomprot. Kebeneran pambarang sing ana ndhuwur bis mung dhèwèkan. 

Ngadeg ing tengah-tengah bis. Kanthi trapsila mbungkuk mengarep , ngiwa nengen dhèwèké atur pakurmatan panumpang bis tanpa pocapan apa-apa kejaba ing lambéné mèsem ngujiwat. Priya pambarang iku wiwit nabuh gitaré. Tak deleng driji-drijiné methik kawat gitar kanthi luwes. Dhèwèké main wirama kroncong. Tak rungokaké mainé resik. Pindhahé chord-chord C-C7-F-G7-C ya mapan apik. 

Rumpakaning chord-chord iku diambali bola-bali. Aku sing seneng main kroncong ora ngerti pambarang iku arep main lagu apa, awit wiwit sepisanan mung main chord babar pisan tanpa melodi. Mèh telung menit pambarang iku main gitar karo tumungkul sirahé. Banjur dhèwèké njenggèlèkaké rainé wiwit nyanyi. Saka lambéné kanthi semangat menga amba nanging durung ana sing ngerti dhèwèké arep nyanyi apa. Ucapané banter mèmper swara ah, èh, ih, uh, oh, aah«« Mbok menawa intro lagu anggitané dhéwé, batinku. Sakwisé rong menit luwih pambarang iku mung ngucap swara iku sing babar pisan tanpa wirama ora jumbuh karo gitaré, akèh para panumpang sing gèdhèg - gèdhèg gumun. 3Tiyang punika pambarang bisu«« ́ cluluké pak kondèktur bis. 3Wah iki mung akal-akalan waé ! ́ ujaré salah siji panumpang cubriya karo ngguyu nyekikik. 3Mboten, pak. Pramila bisu saèstu. Piyambaké bisu tuli gawan bayi. 

Punika pedamelané saben dinten kanggé pagesangan éstri lan anakipun setunggal, ́ panjlèntréhé kondèktur bis sing sajaké wis raket. Krungu kojahé kmoenndeènkgtunrgmunaguunak. èh wong sing banjur ngguyu gleges. Ana sing gèdhèg - gèdhèg. Aku dhéwé mung lungguh 3Bengawaaan Sooloooo«.. Riwayatmuuu, iniiiii««« ́ keprungu swarané wong nyanyi. Swarané bening merdu. Jebul swarané salah siji panumpang ing satengahé petikané gitar pambarang sing wis mingkem lambéné tanpa swara. Sapandurat wong-wong padha kagèt banjur padha ngguyu bareng. Priya bisu iku mau dumadakan njerit banter lan gitaré ditabuh sora gawé mengkorogé githoké sing padha krungu, gitaré sidhem. Atur pakurmatan manèh. Ana sawenèh panumpang sing keplok. 

Priya pambarang bisu banjur ngideraké kothak karton. Kanthi ngungun aku nglebokaké dhuwit sèket èwu rupiah ing njeroné kothak cilik sing diideraké pambarang bisu mau. Tak deleng kondektur nyawang aku karo mèsem. Aku ngungun sakwetara wektu. Aku rumangsa éntuk piwulang sing becik banget saka kedadèn sing mentas waé tak adhepi. Aku dadi yakin lan faham sabdatama pitutur luhur sing nyebutaké: 3Manuk gagak kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep, lan iya padha ora duwé lumbung kanggo nandho pangan,  éwasemono padha diparingi pangan déning Gusti Allah. ́ Nanging mesthi waé nèk manuk gagak mau tetep meneng, turu waé ing susuhé ya ora bakal éntuk pangan sapuluk-puluka. Kenapa aku kudu sumelang lan tansah kuwatir ??

Saktekané terminal Sala, aku mudhun saka bis kanthi jumangkah ènthèng. Kondèktur sapa aruh aku karo mèsèm grapyak. 3Wah bapak kepranan laguné pambarang bisu tuli wau nggih, pak ? Sèket èwu regi ingkang pantes sanget, ́ ucapé kondèktur mau ngguyoni. Aku mung mèsem manthuk. Mesthi dudu 3swara merduné ́ pambarang bisu mau. Wong nyanyi mung ah, èh, uh, oh! Nanging piwulang sing prayoga saka dhèwèké. Aku saiki yakin ora perlu sumelang manèh. Gusti mesthi bakal maringi sing kita butuhaké angger disuwun kanthi donga, kapitayan lan ikhtiar ! Wong bisu mbarang dodol swarané bisa nguripi anak bojoné. Dhèwèké ngedol sing ora diduwèni kok ya bisa urip. Gusti Allah Maha Adil.


Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.